SOLO – Bupati Blora, Dr. H. Arief Rohman, kaparingan gelar pakurmatan saking Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario (KGPAA) Mangkunagoro X nalika adicara Hajad Dalem Wilujengan Tingalan Jumenengan ingkang kaping sekawan, ingkang kalampahan wonten ing Pendhapa Ageng Pura Mangkunegaran, Surakarta.
Adicara agung punika dipun rawuhi Wakil Presiden Republik Indonesia, Bapak Gibran Rakabuming Raka, sesarengan kaliyan para pejabat saha tokoh nasional sanesipun, Selasa Wage, 27 Januari 2026.
Ing adicara sakral mengeti jumenengan dalem punika, Bupati Blora kaparingan gelar pakurmatan “Kanjeng Raden Tumenggung”, saéngga asmanipun kaserat resmi dados Kanjeng Raden Tumenggung Dr. H. Arief Rohman, S.IP., M.Si.
Pangangkatan gelar pakurmatan punika kaserat wonten ing piagam kekancingan nomer 2026.Kanjeng.002, ingkang dipun astani langsung dening Sampeyandhalem Ingkang Jumeneng KGPAA Mangkunagoro X.
Adapun suraos piagam kekancingan punika, antawisipun makaten:
“Awit saking keparengdalem Sampeyandhalem Ingkang Jumeneng
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunagoro ingkang kaping sedasa ing Surakarta,
kaparengaken paring pepangkatan dhumateng
Dr. H. Arief Rohman, S.IP., M.Si,
kangge kaparingan ganjaran pepangkatan Bupati Sepuh Kanjeng,
saha dipun paringi asma
Kanjeng Raden Tumenggung Dr. H. Arief Rohman, S.IP., M.Si,
ingkang kedah dipun anggep lan dipun hormati miturut pangkat saha sesebutanipun dening para Putra, Sentana, Kerabat Praja Mangkunegaran saha sedaya kawula.”
Dhawuh dalem punika katetepaken wonten ing Tanggal 8 Ruwah Dal 1959, utawi 27 Januari 2026, saha dipun tandatangani dening Pengageng Praja Mangkunegaran, Sampeyandhalem Ingkang Jumeneng KGPAA Mangkunagoro X.
Pangaturaken kekancingan gelar pakurmatan punika dipun pimpin langsung dening KGPAA Mangkunagoro X sasampunipun pangandikan dalem saha pagelaran Tari Beksan Bedhaya Anglir Mendhung ingkang sakral lan kinurmatan.
Ing pangandikan dalemipun, KGPAA Mangkunagoro X ngaturaken panuwun dhumateng sedaya tamu ingkang rawuh, saha nyariosaken bilih kekancingan punika minangka wujud pakurmatan saha pangaji-aji dhumateng para tokoh ingkang sampun paring pangabdian ing babagan pelestarian kabudayan saha palayanan dhumateng masyarakat.
Samentawis punika, Bupati Blora K.R.T. Dr. H. Arief Rohman sasampunipun kaparingan gelar pakurmatan, ngaturaken panuwun dhumateng Sampeyandhalem Gusti Bhre KGPAA
Mangkunagoro X, saha nyatakaken manahipun kanggé tansah nyinergikaken pangembangan kabudayan Blora kaliyan Mangkunegaran.
Nalika tampi kekancingan punika, Bupati Blora ngagem busana adat Jawi kanthi beskap ijo pastel, jarik batik sogan, blangkon Surakarta, saha keris kinandhut ing wingking minangka pralambang kawibawan.
Sanes namung Bupati Blora, gelar pakurmatan saking Mangkunegaran ugi kaparingan dhumateng Bupati Wonogiri, Bapak Bambang “Pacul” Wuryanto (Wakil Ketua MPR RI), saha para tokoh kabudayan sanesipun.
Adicara agung punika ugi dipun rawuhi dening Sekretaris Daerah Provinsi Jawa Tengah Sumarno, Wali Kota Surakarta Respati Ardi, Sampeyandhalem Paku Buwono XIV Hangabehi, Direktur Utama Pertamina Simon Aloysius Mantiri, saha para tamu kinurmatan sanesipun.




0 Komentar